Sony Xperia M4 Aqua - Baterei lan pangaturan daya

background image

Baterei lan pangaturan daya

Piranti wis dipasangi baterei. Panggunaan baterei maneka gumantung fitur sing dianggo.

Supaya baterei luwih awet, pertimbangake ing ngisor iki:

Nglacak panggunaan baterei.

Tututi kiyat panggunaan umum kanggo ningkatake kinerja baterei.

Gunakake mode irit daya.
Piranti sampeyan dilengkapi karo rong mode STAMINA lan fitur irit daya Android kanggo

nulungi piranti sampeyan ngurangi panggunaan baterei. Fitur irit daya Android lumaku ing

latar mburi lan sampeyen bisa ngaktifake utawa mateni dhewe mode STAMINA utawa

mode Ultra STAMINA.
Fitur irit daya matesi data latar mburi kanggo ngirit daya, yen ora pengin aplikasi

kepengaruh, sampeyan bisa ngajabakake aplikasi kasebut ing menu optimisasi Baterei.

Panganyaran sistem uga bisa nggowahi mode irit daya sing kasedhiya ing piranti sampeyan.

Ndeleng panggunaan baterei, prakiraan wektu, lan kiyat irit daya

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei. Ringkesan nuduhake persentase baterei lan

prakiraan wektu baterei.

3

Tutul

TAMPILAKE ANGGONAN BATEREI kanggo ndeleng dhaptar fitur lan

layanan sing wis nggunakake daya baterei awit sikulus isi daya trakir. Tutul item

kanggo entuk informasi babagan cara ngurangi panggunaan batereine.

Sampeyan bisa ngatur, ngaktifake, lan mateni mode irit daya saka

Setelan > Baterei.

Ndeleng panggunaan baterei kanggo aplikasi

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Aplikasi.

3

Pilih aplikasi lan ndeleng panggunaane liwat

Panggunaan baterei.

Kiyat panggunaan umum kanggo ningkatake kinerja baterei

Kiyat ing ngisor iki bisa mbiyantu ngapiki kinerja baterei:

Ngurangi tingkat pepadhangan layar, deleng

Setelan layar

ing kaca 57.

Pateni Bluetooth®, Wi-Fi, lan layanan panggonan yen ora merlokake fitur iki.

Pateni piranti utawa gunakake mode Pesawat yen sampeyan ana ing wilayah sing

jangkoan jaringane ora ana utawa sithik. Yen ora, piranti bakal bola-bali mindai

jaringan sing kasedhiya, lan iki ngentekake daya.

Gunakake jaringan Wi-Fi tinimbang roaming nalika ing luar nagari. Roaming yaiku

mindai jaringan asal sampeyan lan merlokake tambahan daya baterei amarga

piranti kudu nerusake data karo daya sing luwih akeh, deleng

Wi-Fi

ing kaca 46.

Owahi setelan panylarasan kanggo email, tanggalan, lan kontak, deleng

Nylarasake karo akun online

ing kaca 53.

Priksa aplikasi sing nduweni akeh panggunaan baterei lan galihake kiyat irit daya

sing kasedhiya ing piranti kanggo aplikasi iki.

Owahi tingkat kabar kanggo aplikasi, deleng

Kabar

ing kaca 28.

Pateni idin andum panggonan kanggo aplikasi, deleng

Setelan aplikasi

ing

kaca 59.

Busak instalan aplikasi sing ora diaggo, deleng

Layar aplikasi

ing kaca 24.

Gunakake piranti tanpa dicekel asli saka Sony™ kanggo ngrungokake lagu. Piranti

tanpa nyekel ngentekake luwih sithik baterei tinimbang spiker piranti.

Wiwiti maneh piranti kala-kala.

Optimisasi baterei

Optimisasi baterei iku mode nyawiji sing mumpuni lan kepenak kang bakal nambah akeh

umur baterei kanthi ngurangi panggunaan baterei nalika ora nggunakake piranti utawa

aplikasi tartamtu.

35

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Iki dikasilake kanthi nangguhake aktivitas jaringan sing mangan baterei, kayata layanan

panggonan, nyinkronake lan mindai Wi-Fi ing latar mburi nalika sampeyan durung

nggunakake piranti ing wektu sing suwe.
Telpon lan olahpesen SMS ora kepengaruh.
Sampeyan ora bisa mateni Optimisasi baterei, nanging bisa ngajabakake kanggo aplikasi

tartamtu.

Ngajabakake aplikasi tartamtu saka optimisasi baterei

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei.

3

Tutul , banjur pilih

Optimisasi baterei. Sampeyan bakal ndeleng dhaptar aplikasi

sing ora dioptimalake.

4

Kanggo nambah utawa mbusak aplikasi saka dhaptar iki, tutul

Aplikasi lan pilih

utawa ora pilih aplikasi saka dhaptar kanggo ngowahi setelan optimisasi.

5

Dhaptar aplikasi sing ora dioptimalake bakal dianyari miturut setelan sampeyan.

Sampeyan ora bisa ngajabakake aplikasi saka dioptimalake dening mode Ultra STAMINA.

Sampeyan uga bisa ngatur

Optimisasi baterei saka menu Aplikasi kanthi nutul .

Mode irit daya

Ana sawetara mode irit daya sing bisa digunakake supaya baterei luwih awet:

mode

STAMINA

Gumantung tingkat STAMINA, maneka fitur bakal diwatesi utawa dipateni kanggo ngurangi

panggunaan baterei. Iki kalebu nggenti kinerja, animasi, lan pepadhangan layar, pangapikan

gambar, panylarasan data aplikasi latar mburi, kedher (kajaba kanggo telpon mlebu),

striming, lan GPS (nalika layar mati). katon ing garis status.

Mode Ultra

STAMINA

Saliyane fitur sing dipateni dening mode STAMINA, mode Ultra STAMINA mateni Data Seluler

lan Wi-Fi. Pamilihan aplikasi diwatesi lan widget (kajaba Jam) dipateni. Telpon lan SMA isih

kasedhiya. Layar Ngarep digenti menyang layar Ngarep mode Ultra STAMINA khusus lan

panel tambahan dipateni. katon ing garis status.

Ngaktifake utawa mateni mode STAMINA

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei.

3

Tutul

mode STAMINA lan pilih opsi sing disenengi.

katon ing garis status nalika

mode STAMINA aktif.

Sampeyan bisa ngatur persentase Wiwit-otomatis miturut pilihan sampeyan lan ngajabakake

aplikasi saka dioptimalake dening mode STAMINA.

Ngaktifake mode Ultra STAMINA

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei.

3

Tutul

Mode Ultra STAMINA, banjur tutul Aktifake.

4

Konfirmasi kanggo ngaktifake.
Layar Ngarep digenti dening Ngarep mode Ultra STAMINA lan katon ing garis status

nalika

Mode Ultra STAMINA aktif. Sampeyan ora bisa ngajabakake aplikasi saka

dioptimalake dening mode Ultra STAMINA.

Mateni mode Ultra STAMINA

1

Seret mudhun garis atatus kanggo mbukak panel Kabar.

2

Tutul

Pateni mode Ultra STAMINA.

3

Tutul

OK.

Mateni mode Ultra STAMINA bakal wiwit maneh piranti.

36

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.