Sony Xperia M4 Aqua - Parumatan nggunakake komputer

background image

Parumatan nggunakake komputer

Xperia™ Companion

Xperia™ Companion iku layanan piranti lunak sing nyedhiyakake kumpulan alat lan

aplikasi sing bisa digunakake nalika nyambung piranti menyang komputer. Karo Xperia™

Companion, sampeyan bisa:

Nganyari utawa ndandani piranti lunak piranti.

Mindhah isi saka piranti lawas nggunakake Xperia™ Transfer.

Nggawe serep lan mulihake isi ing komputer.

Nylarasake isi multimedia – foto, video, lagu, lan dhaptar lagu - antarane piranti lan

komputer.

Tlusuri file ing piranti.
Yen arep nganggo Xperia™ Companion, sampeyan kudu duwe komputer sing

kasambung Internet sing nggunakake salah siji sistem operasi iki:

Microsoft

®

Windows

®

7 utawa luwih anyar

Mac OS

®

X 10.8 utawa luwih anyar

Sinau luwih pepak lan undhuh Xperia™ Companion kanggo Windows ing

http://support.sonymobile.com/tools/xperia-companion utawa Xperia™ Companion

kanggo Mac ing http://support.sonymobile.com/tools/xperia-companion-mac.

Ngatur file nggunakake komputer

Gunakake sambungan kabel USB antarane komputer Windows

®

lan piranti kanggo

nransfer lan ngatur file.
Sawise kaloro piranti kasambung, sampeyan bisa milih antarane ngisi daya piranti,

nransfer file, utawa nggunakake piranti kanggo input MIDI. Komputer bakal ndeteksi

piranti nalika sampeyan milih mode sambungan

Pamindhahan file (MTP). Mode

sambungan gawan disetel menyang

Mung ngisi daya.

Karo Xperia™ Companion, sampeyan bisa ngakses file sistem piranti. Yen ora nduweni

Xperia™ Companion sing diinstal, sampeyan dijaluk nginstal nalika nyambungake piranti

menyang komputer.

Tansah anggo kabel USB sing digawe khusus kanggo model Xperia™ lan pesthekake garing

temenanan.

38

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Mode Sambungan USB

Sampeyan bisa nggunakake mode

Pamindhahan file (MTP) kanggo ngatur file lan

nganyari piranti lunak piranti. Mode USB iki dienggo karo komputer Microsoft

®

Windows

®

. Pangisian daya diaktifake kanthi gawan.

Nggenti mode sambungan USB

1

Pasang sambungan USB menyang piranti.

2

Seret mudhun garis Status, banjur tutul

USB ngisi daya piranti iki.

3

Tutul

Pamindhahan file (MTP).