Sony Xperia M4 Aqua - Wiwit maneh, mulihake, lan ndandani

background image

Wiwit maneh, mulihake, lan ndandani

Sampeyan bisa meksa piranti wiwit maneh utawa mati yen piranti ora fungsi utawa ora

wiwit maneh kaya lumrahe. Ora ana setelan utawa data pribadhi sing bakal kabusak.
Sampeyan bisa uga mulihake piranti menyang setelan asli pabrik. Tumindak iki kala-kala

perlu yen piranti mandheg fungsi kanthi bener, nanging elinga yen pengin nyimpen data

penting, sampeyan kudu pisanan gawe serep data iki menyang kertu memori utawa

memori non-internal. Kanggo informasi luwih lengkap, waca

Nggawe serep lan

mulihake isi

ing kaca 40.

Yen piranti ora bisa diuripake utawa pengin mulihake piranti lunak ing piranti, sampeyan

bisa nggunakake Xperia™ Companion kanggo ndandani piranti. Kanggo informasi luwih

lengkap babagan nggunakake Xperia™ Companion, deleng

Xperia™ Companion

ing

kaca 38.

Yen nganggo bareng piranti mawa pangguna akeh, sampeyan kudu mlebu minangka pamilik,

yaiku pangguna utama, kanggo mulihake piranti menyang setelan asli pabrik.

Miwiti maneh piranti

Piranti bisa ora bisa wiwit maneh yen baterei sithik. Sambungake piranti menyang pangisi daya

lan coba wiwit maneh.

1

Penet terus tombol daya .

2

Ing menu sing mbukak, tutul

Wiwiti maneh. Piranti wiwit maneh kanthi otomatis.

Mateni piranti kanthi meksa

1

Copot tutup slot kertu memori.

2

Nganggo pucuk bolpen utawa barang sing padha, penet terus tombol OFF nganti

telpon mati.

Aja nganggo barang landhep amarga bisa ngrusak tombol OFF.

Nindakake pamulihan setelan data pabrik

1

Gawe serep kabeh data penting sing kasimpen ing memori internal kanggo

nyegah kelangan sateruse nalika proses pamulihan.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Gawe serep & pamulihan > Reset data pabrik.

4

Tutul

Pulihake telpon.

5

Yen perlu, gambar pola bukak kunci layar, utawa tik sandhi bukak kunci layar

utawa PIN kanggo nerusake.

6

Kanggo ngonfirmasi, tutul

Busak kabeh.

Supaya telpon ora rusak kanthi permanen, aja miwiti maneh piranti nalika lagi mroses

prosedur pamulihan.

Piranti ora bali menyang versi piranti lunak Android™ sadurunge nalika mulihake menyang

data pabrik.

138

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ndandani piranti lunak piranti

Yen lali sandhi, PIN, utawa pola bukak kunci layar, sampeyan bisa nggunakake fitur

ndandani piranti ing Xperia™ Companion kanggo mbusak lapisan kaamanan. Sampeyan

kudu menehi rincian mlebu akun Google kanggo nglakokake operasi iki. Kanthi

nglakokake fitur ndandani, sampeyan nginstal maneh piranti lunak kanggo piranti lan bisa

kelangan sawetara data pribadhi nalika proses.
Yen ora bisa mateni piranti sadurunge nindakake ndandani piranti lunak, pateni kanthi

meksa.

Nalika nampa jeneng pangguna utawa sandhi akun Google™ anyar, sampeyan uga ora bisa

nggunakake kuwi kanggo mlebu lan mulihake piranti sasuwene 72 jam.

Ndandani piranti lunak nganggo Xperia™ Companion

Sadurunge ndandani piranti lunak, pesthekake yen sampeyan ngerti jeneng pangguna lan

sandhi akun Google™. Gumantung saka setelan kaamanan, sampeyan uga bisa perlu ngetik

kuwi kanggo ngawiti piranti sawise ndandani piranti lunak.

Yen piranti katon ora nanggepi, wiwit maneh bola-bali, utawa ora wiwit babar blas sawise

sampeyan nganyari piranti lunak Xperia™ utawa sawise sampeyan ndandani piranti

lunak utawa pamulihan data pabrik, coba peksa mateni piranti banjur uripake maneh.

Yen masalah isih ana, peksa mateni piranti banjur tindakake ndandani piranti lunak kanthi

nututi jangkah ing ngisor:

1

Pesthekake yen Xperia™ Companion wis diinstal ing PC utawa Mac

®

.

2

Bukak piranti lunak Xperia™ Companion ing komputer lan klik ing layar utama.

3

Tututi patunjuk sing muncul ing layar kanggo masang maneh piranti lunak lan

ngrampungake ndandani.