Sony Xperia M4 Aqua - Menu layar ngarep album

background image

Menu layar ngarep album

Saka menu layar ngarep Album, sampeyan bisa njlajahi kabeh foto album, kalebu foto

lan video sing dijupuk nganggo efek khusus, uga isi sing wis diandum online liwat

layanan kayata Picasa™ lan Facebook. Sawise mlebu ing platform kuwi, sampeyan bisa

ngatur isi lan ndeleng gambar online. Saka aplikasi Album, sampeyan bisa nambahake

tandha panggonan menyang foto, nindakake tugas pangowahan dhasar, lan

nggunakake metode kayata teknologi nirkabel Bluetooth® lan email kanggo ngandum

isi.

1

Bali menyang layar ngarep aplikasi Album kanggo ndeleng kabeh isi

2

Ndeleng foto lan video favorit

3

Ndeleng kabeh video sing disimpen ing piranti

4