Sony Xperia M4 Aqua - Setelan kamera video

background image

Setelan kamera video

Nyetel setelan kamera video

1

Aktifake kamera.

2

Usap menyang

.

3

Kanggo nuduhake setelan, tutul .

4

Pilih setelan sing arep disetel, banjur genti saksenenge.

107

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ringkesan setelan kamera video

Pamilihan gambar

Fitur pamilihan gambar mitulungi sampeyan supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo

kahanan umum nggunakake gambar video sing wis diprogram dhisik. Saben setelan

sesawangan dirancang kanggo ngasilake video paling apik ing lingkungan rekaman

khusus.

Otomatis

Pamilihan gambar iku otomatis.

Mati

Fitur pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa ngrekam video kanthi manual.

Potret alus

Gunakake kanggo ngrekam video sing latar mburine lembut.

Bawana

Gunakake kanggo video mujur. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

Gambar bengi

Yen diuripake, sensitivitas cahya bakal tambah. Gunakake ing lingkungan sing kurang cahya. Video

kanthi obyek sing obah cepet bisa uga burem. Jaga supaya tangan anteng, utawa gunakake

panyangga. Pateni mode peteng yen kondisi cahya apik, kanggo nambah kwalitas video.

Pantai

Gunakake kanggo video sesawangan pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing lingkungan sing padhang supaya video ora kepadhangen.

Olahraga

Gunakake kanggo video sing obyeke obah cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem

amarga obah.

Pesta

Gunakake kanggo video ing njero kamar ing lingkungan sing surem. Sesawangan iki njupuk cahya

latar mburi njero kamar utawa cahya lilin. Video kanthi obyek sing obah cepet bisa uga burem. Jaga

supaya tangan anteng, utawa gunakake panyangga.

Resolusi video

Atur resolusi video kanggo format sing beda.

Full HD

1920×1080(16:9)

Format Full HD (Full High Definition) kanthi rasio aspek 16:9.

HD

1280×720(16:9)

Format HD (High Definition) kanthi rasio aspek 16:9.

VGA

640×480(4:3)

Format VGA kanthi aspek rasio 4:3.

MMS

Rekam video sing cocog kanggo dikirim ing pesen multimedia. Wektu ngrekam kanggo format video iki

diwatesi supaya file video bisa pas karo pesen multimedia.

Mode Fokus

Setelan fokus ngontrol bagean subjek video endi sing direkam kudu cetha. Nalika fokus

otomatis terus urip, kamera tansah nyetel fokus supaya wilayah ing pigura fokus putih

tetep kontras.

Autofokus singgel

Kamera kanthi otomatis fokus ing subjek sing dipilih. Fokus otomatis terus-terusan urip.

Deteksi praupan

108

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Kamera kanthi otomatis ndeteksi nganti limang pasuryan, sing dituduhake dening pigura ing layar. Kamera

kanthi otomatis fokus ing pasuryan sing paling cedhak. Sampeyan uga bisa milih pasuryan endi sing arep

dianggo fokus kanthi nutul pasuryan kasebut ing layar. Nalika nutul layar kamera, pigura kuning nuduhake

pasuryan endi sing dipilih dadi fokus. Deteksi pasuryan ora bisa digunakake kanggo kabeh jinis sesawangan.

Fokus otomatis terus-terusan urip.

Nglacak obyek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

Smile Shutter™(video)

Gunakake fungsi Smile Shutter™ kanggo nemtokake eseman apa sing dideteksi kamera

sadurunge ngrekam video.

Stabiliser video

Nalika ngrekam video, bisa angel nyekeli piranti kanthi anteng. Stabiliser mbantu

sampeyan kanthi ngimbangi obahe tangan sampeyan.

Lampu Kilat

Gunakake lampu kilat kanggo ngrekam video nalika kondisi cahya surem utawa ana

cahya saka mburi. Lambang lampu kilat video mung kasedhiya ing layar kamera

video. Elinga yen kadang, kualitas video bisa luwih apik tanpa lampu, sanajan kondisi

cahya surem.

Aktif

Mati

Video HDR

Gunakake setelan HDR (High-Dynamic Range) kanggo ngrekam video ing cahya mburi

sing kepadhangen ing kahanan sing kontrase banget. Video HDR menehi kompensasi

kanggo rincian sing ilang lan nggawe gambar sing apik ing panggonan sing peteng

utawa padhang.

109

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.