Sony Xperia M4 Aqua - Mesthekake piranti kalindhungi

background image

Mesthekake piranti kalindhungi

Piranti ngamot sawetara pilihan kaamanan, paling disaranake yen ilang utawa dicolong.
Pilihane yaiku minangka ing ngisor iki:

Nyetel kunci layar aman ing piranti nggunakake PIN, sandhi, utawa pola kanggo ngalangi

sapa wae ngakses utawa mulihake piranti. Kanggo katrangan lengkap, deleng

Kunci

layar

ing kaca 11.

Tambah akun Google™ kanggo ngalangi wong liya nggunakake piranti yen dicolong

utawa diusap. Kanggo katrangan lengkap, deleng

Ngapa aku butuh akun Google™?

ing kaca 9.

Aktifake “Protection bu my Xperia” utawa layanan web Pangatur Piranti Android™.

Nggunakake salah siji layanan iki, sampeyan bisa nggoleki, ngunci, utawa ngresiki piranti

sing ilang saka kadohan. Kanggo katrangan lengkap, deleng

Nggoleki piranti sing ilang

ing kaca 18.

Merivikasi kapamilikan piranti

Fitur palindhungan tartamtu merlokake supaya mbukak kunci layar nganggo PIN, sandhi,

pola, utawa ngetik informasi akun Google™. Ing ngisor iki conto fitur palindhungan lan

sawetara kredensial sing diperlokake:

Palindhungan

Pamulihan Data

Pabrik

Sampeyan kudu mbukak kunci layar sadurunge diidinake nindakake Pamulihan Data

Pabrik.

Protection by my

Xperia

Yen mulihake piranti saka kadohan nggunakake layanan iki, sampeyan kudu ngetik

jeneng pangguna lan sandhi akun Google™ sing digandengake karo layanan. Piranti

kudu disambungake menyang Internet sadurunge proses atur wiwitan bisa rampung.

Yen ora, sampeyan ora bakal bisa nggunakake piranti sawise pamulihan.

Manajer Piranti

Android™

Yen mulihake piranti saka kadohan nggunakake layanan iki, sampeyan kudu ngetik

jeneng pangguna lan sandhi akun Google™. Piranti kudu disambungake menyang

Internet sadurunge proses atur wiwitan bisa rampung. Yen ora, sampeyan ora bakal

bisa nggunakake piranti sawise pamulihan.

Ndandani piranti

lunak

Yen nganggo piranti lunak Xperia™ Companion kanggo ndandani piranti lunak,

sampeyan kudu ngetik jeneng pangguna lan sandhi akun Google™ nalika wiwit

piranti sawise rampung didandani.

Kanggo Manjer Piranti Android™, diperlokake ngetik informasi saka akun Google™. Iku bisa

arupa akun Google™ sing wis diatur wiwitan ing piranti. Yen ora bisa nyedhiyakake informasi

akun sing cocog nalika proses atur wiwitan, sampeyan ora bakal bisa nggunakake piranti

babar blas.