Sony Xperia M4 Aqua - NFC

background image

NFC

Gunakake Near Field Communications (NFC) kanggo ngandum data karo piranti liya,

kayata video, foto, alamat kaca web, file lagu, utawa kontak. Sampeyan uga bisa

nggunakake NFC kanggo mindai tandha sing menehi informasi babagan prodhuk utawa

layanan sarta tandha sing ngaktifake fungsi tartamtu ing piranti.

122

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

NFC iku teknologi nirkabel karo jangkoan maksimum sak sentimeter, dadi piranti sing

ngandum data kudu dicedhakake. Sadurunge bisa nganggo NFC, sampeyan kudu

nguripake fungsi NFC dhisik, lan layar piranti kudu aktif.
Area deteksi NFC ana ing mburi piranti. Cedhekake piranti sampeyan lan piranti liya

utawa pamaca NFC supaya area deteksi NFC bisa gegayut.

NFC bisa uga ora kasedhiya ing kabeh nagari utawa wilayah. Nggunakake aplikasi tartamtu,

sawetara fungsi NFC bisa diaktifake nalika piranti dipateni. Elinga yen ora kabeh piranti

ndhukung fitur iki.

Nguripake fungsi NFC

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Liyane.

3

Tutul saklar on-off ing jejere

NFC.

Ngandum kontak karo piranti liya nganggo NFC

1

Pesthekake yen kabeh piranti wis nguripake fungsi NFC, lan yen layar loro-lorone

aktif.

2

Kanggo ndeleng kontak, bukak Layar Ngarep, tutul , banjur tutul .

3

Tutul kontak sing arep diandum.

4

Cekel piranti sampeyan lan piranti panampa ungkur-ungkuran supaya area deteksi

NFC saben piranti bisa kagayut. Nalika piranti nyambung, gambar cilik kontak

bakal katon.

5

Tutul gambar cilik kanggo wiwit kirim.

6

Yen pangiriman wis rampung, katrangan kontak disimpen ing piranti panampa lan

dituduhake ing layare.

Nganum file lagu karo piranti liya nganggo NFC

1

Pesthekake yen piranti sampeyan lan piranti panampa wis nguripake fungsi NFC,

lan layar loro-lorone aktif.

2

Kanggo mbukak aplikasi Musik, tutul , banjur golek lan tutul .

3

Pilih kategori lagu lan tlusuri trek sing arep diandum.

4

Tunyuk trek kanggo diputer. Sampeyan bisa nutul supaya trek ngaso. Kiriman

bisa lumaku manawa trek diputer utawa ngaso.

5

Cekel piranti sampeyan lan piranti panampa ungkur-ungkuran supaya area deteksi

NFC saben piranti bisa kagayut. Nalika piranti nyambung, gambar cilik trek bakal

muncul.

6

Tutul gambar cilik kanggo wiwit kirim.

7

Yen pangiriman wis rampung, file lagu sing disimpen ing piranti panampa lan

dituduhake ing layare.

123

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngandum foto utawa video karo piranti liya nganggo NFC

1

Pesthekake yen kabeh piranti wis nguripake fungsi NFC, lan yen layar loro-lorone

aktif.

2

Kanggo ndeleng foto lan video ing piranti, bukak Layar Ngarep, tutul , banjur

goleki lan tutul

Album lagu.

3

Tutul foto utawa video sing arep diandum.

4

Cekel piranti sampeyan lan piranti panampa ungkur-ungkuran supaya area deteksi

NFC saben piranti bisa kagayut. Nalika piranti nyambung, gambar cilik foto lan

video muncul.

5

Tutul gambar cilik kanggo wiwit kirim.

6

Yen pangiriman wis rampung, foto utawa video disimpen ing piranti panampa lan

dituduhake ing layare.

Ngandum alamat web karo piranti liya nganggo NFC

1

Pesthekake yen kabeh piranti wis nguripake fungsi NFC, lan yen layar loro-lorone

aktif.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Kanggo mbukak peramban web, goleki lan tutul .

4

Amot kaca web sing arep diandum.

5

Cekel piranti sampeyan lan piranti panampa ungkur-ungkuran supaya area deteksi

NFC saben piranti bisa kagayut. Nalika piranti nyambung, gambar cilik kaca web

bakal muncul.

6

Tutul gambar cilik kanggo wiwit kirim.

7

Yen pangiriman wis rampung, kaca web dituduhake ing layar piranti panrima.

Maca cepet label NFC

Piranti bisa maca cepet maneka warna label NFC. Contone, piranti bisa maca cepet

label sing ditempelake ing poster, papan iklan gedhe, utawa jejere produk ing toko

eceran. Sampeyan bisa nampa informasi tambahan, kayata alamat web.

Nyeken tenger NFC

1

Pesthekake yen fungsi NFC ing piranti sampeyan wis diuripake lan layar aktif.

2

Selehake piranti sampeyan ing ndhuwure tenger supaya area dheteksi NFC

nyenggol tenger. Piranti nyeken tenger banjur nuduhake isi sing diklumpukake.

Tutul isi tenger kanggo mbukak.

Nyambung karo piranti sing kompatibel karo NFC

Sampeyan bisa nyambungake piranti karo piranti liyane sing kompatibel karo NFC

gaweane Sony, kayata spiker utawa piranti kuping. Nalika lagi nandangi sambungan sing

kaya mangkene iki, waca Pandhuan pangguna piranti sing kompatibel kanggo informasi

liyane.

Sampeyan perlu nguripake Wi-Fi utawa Bluetooth® ing piranti loro-lorone supaya sambungan

aktif.