
Ngundhuh aplikasi
Ngundhuh aplikasi saka Google Play™
Google Play™ iku toko online resmi Google kanggo ngundhuh aplikasi, dolanan, musik,
film, lan buku. Iki kalebu aplikasi sing gratis lan sing mbayar. Sadurunge wiwit ngundhuh
saka Google Play™, pesthekake sampeyan nduweni sambungan Internet, luwih apik
liwat Wi-Fi kanggo matesi prabeya kiriman data.
Kanggo nggunakake Google Play™, sampeyan perlu nduweni akun Google™. Google Play™
bisa uga ora kasedhiya ing kabeh nagari utawa wilayah.