Sony Xperia M4 Aqua - Ngundhuh aplikasi saka sumber liyane

background image

Ngundhuh aplikasi saka sumber liyane

Yen piranti disetel kanggo ngidini undhuhan saka sumber sakliyane Google Play™,

sampeyan bisa ngundhuh aplikasi langsung saka situs web liya kanthi nindakake

patunjuk undhuhan sing cocog.

Nginstal aplikasi saka sumber sing ora dikenal utawa ora dipercaya bisa ngrusak piranti. Mung

undhuh aplikasi saka sumber sing dipercaya. Hubungi panyedhiya aplikasi yen sampeyan

duwe pitakon utawa uneg-uneg.

Yen sampeyan nggunakake piranti mawa pangguna akeh, mung pamilik, yaiku pangguna

utama, sing bisa ngidini undhuhan saka sumber sakliyane Google Play™. Pangowahan sing

ditindakake pamilik mengaruhi kabeh pangguna.

Ngidini ngundhuh aplikasi saka sumber liyane

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek lan tutul

Setelan > Keamanan.

3

Seret tandha geser ing jejere

Sumber ora dingerteni nengen.

4

Tutul

OK.

Sawetara aplikasi bisa uga perlu ngakses data, setelan, lan macem-macem fungsi ing piranti

supaya bisa digunakake kanthi bener. Mung instal lan idini aplikasi sing dipercaya. Sampeyan

bisa ndeleng idin sing diwenehna menyang aplikasi sing diundhuh lan uga nggenti status

kanthi nutul aplikasi ing

Setelan > Aplikasi.

44

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.