Sony Xperia M4 Aqua - Setelan layar

background image

Setelan layar

Ngatur padhange layar kanthi manual tanpa nggatekake kahanan cahya

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Tampilan lan tutul panggeser Kapadhangan adaptif

kanggo mateni fungsi iki, yen durung dipateni.

3

Tutul

Tingkat kapadhangan.

4

Seret panggeser kanggo ngatur pepadhangan.

Nyuda tingkat pepadhang bakal nulung supaya baterei luwih awet.

Ngaktifake utawa mateni kedher yen didemek

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Swara & kabar > Swara liya.

3

Tutul panggeser

Kedher yen demek kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi

kasebut.

Ngatur wektu meneng sadurunge layar dipateni

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul

Setelan > Tampilan > Turu.

3

Pilih salah siji.

Kanggo cepet mateni layar, penet tombol daya sedhela wae.

Ngatur ukuran aksara

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Tampilan > Ukuran font.

3

Pilih opsi sing disenengi.

57

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngatur pepadhangan tampilan

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Tampilan > Imbangan putih.

3

Seret panggeser menyang posisi sing dipengini kanggo ngatur werna lan

pepadhangan.

Kanggo mulihake setelan pepadhangan bali menyang gawane, tutul >

Nilai gawan.

Kontrol lampu latar pinter

Kontrol lampu latar pinter nggawe layar tansah urip yen piranti dicekeli terus. Nalika

diselehake, layar bakal mati gumantung karo setelan ngaso sampeyan.

Ngaktifake utawa mateni fungsi Kontrol lampu latar pinter

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Tampilan > Kontrol cahya latar pinter.

3

Tutul panggeser kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi kasebut.

Mode sarung tangan

Nganggo mode sarung tangan, sampeyan bisa nganggo sarung tangan lan tansah bisa

navigasi layar ing piranti. Yen sampeyan nggunakake mode sarung tangan, cincin kursor

muncul ing daerah layar sing didemek.

Ngaktifake mode sarung tangah

1

Saka

Layar Ngarep, tutul > Setelan > Tampilan.

2

Tutul panggeser

Mode sarung tangan.

Sensitivitas gumantung ukuran area kontak antarane layar lan driji sing nganggo sarung

tangan sing digunakake kanggo navigasi layar.

Penyematan layar

Gunakake panyematan layar kanggo nyetel supaya piranti sampeyan mung nampilake

layar kanggo aplikasi tartamtu. Misale, yen sampeyan dulinan game lan ora sengaja nutul

tombol navigasi Ngarep, fitur panyematan layar ngalangi supaya layar aplikasi game sing

aktif ora dicilikake. Sampeyan uga bisa nggunakake fitur iki nalika nyilihake piranti

menyang wong liya supaya dheweke ora bisa ngakses luwih saka siji layar utawa

aplikasi. Misale, sampeyan bisa nyilihake telpon menyang wong kanggo nelpon lan

nyematake layar menyang aplikasi Telpon supaya wong kasebut ora bisa nganggo

aplikasi liyane kayata Olahpesen utawa Email.

Panyematan layar iku dudu fitur keamanan lan ora temenan ngalangi wong liya mbusak

panyematan layar lan ngakses piranti sampeyan. Kanggo nglindhungi data, sampeyan kudu

nyetel piranti supaya njaluk PIN, sandi, utawa pola kunci layar kanggo mbusak sematan layar.

Ngaktifake utawa mateni panyematan layar

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Menehi pin layar.

3

Tutul panggeser kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi kasebut.

4

Yen wis ngaktifake Panyematan layar, sampeyan bisa nutul panggeser

Kunci

piranti nalika mbusak tandha kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi kaamanan

tambahan.

Pola, PIN, utawa sandhi kuwi wajib ana supaya pin layar bisa fungsi.

58

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nyematake layar

1

Pesthekake panyematan layar wis diaktifake ing piranti sampeyan.

2

Bukak siji aplikasi lan bukak layar sing arep disematake.

3

Tutul .

4

Kanggo nudhuhake lambang panyematan layar , geser mendhuwur.

5

Tutul .

6

Ing menu sembul sing muncul, tutul

Ngerti.

Mbusak sematan layar

1

Ing layar sing disematake, tutul terus lan kanthi bareng.

2

Culake rong tombol kasebut.

Yen sampeyan milih opsi keamanan nalika ngaktifake fungsi panyematan layar, sampeyan

kudu nglebokake pola, PIN, utawa sandi kanggo mbukak piranti sadurunge layar bisa dicopot

semate.