Sony Xperia M4 Aqua - Nonton video ing aplikasi Video

background image

Nonton video ing aplikasi Video

Gunakake aplikasi Video kanggo muter film lan konten video liyane sing wis disimpen

utawa diundhuh ing piranti. Aplikasi Video uga ngewangi sampeyan ngolehi poster film,

ringkesan plot, info genre lan rincian sutradara kanggo saben film. Sampeyan uga bisa

muter film ing piranti liyane sing disambung karo jaringan sing padha.

Sawetara file video bisa uga ora bisa diputer ing aplikasi Video.

1

Tutul lambang kanggo mbukak menu layar ngarep Video

2

Tampilake video sing bubar diputer

3

Seret pinggiran kiwa layar menyang tengen kanggo njlajah kabeh video sing diundhuh lan disimpen

4

Ndeleng kabeh video sing disimpen ing piranti

5

Deleng video online

6

Tutul utawa puter file video sing wis disimpen utawa diundhuh

7

Deleng pilihan menu video

8

Nggulung munggah utawa mudhun kanggo ndeleng isi

Sony Entertainment Network karo PlayStation™ Video ora kasedhiya ing kabeh pasar. Sarat

lan katemtuan tambahan ditrapake.

Muter video

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur goleki lan tutul

Video.

2

Golek banjur tutul video sing arep diputer. Yen video ora ditampilake ing layar, tutul

kanggo mbukak menu layar ngarep, banjur golek lan tutul video sing pengin

diputer.

3

Kanggo nampilake utawa ndhelikake kontrol, tutul layar.

4

Kanggo ngaso, tutul . Kanggo nerusake muter, tutul .

5

Kanggo nggulung mundhur cepet, seret panandha garis progres ngiwa. Kanggo

nggulung maju cepet, seret panandha garis proges nengen.

Kanggo ngowahi setelan

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur goleki lan tutul

Video.

2

Tutul kanggo mbukak menu layar ngarep, banjur tutul

Setelan.

3

Owahi setelan kaya sing dikepengini.

117

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggenti setelan swara nalika video lagi muter

1

Nalika video diputer, tutul layar kanggo nuduhake kontrol.

2

Tutul >

Setelan swara, banjur genti setelan kaya sing dikarepake.

3

Yen wis rampung, tutul

OK.

Kanggo nuduhake video

1

Nalika video lagi muter, tutul , banjur tutul

Enggo bareng.

2

Tutul aplikasi sing arep digunakake kanggo enggo bareng video sing kapilih,

banjur tindakake langkah sing cocog kanggo ngirim.